Apa wae sarat kang kudu ana ing ruwatan Murwakala?

Posted on 1 views

Apa wae sarat kang kudu ana ing ruwatan Murwakala?

Wangsulan:

Sarat kang kudu ana ing ruwatan Murwakala arupa:

a. Sukerta, yaiku wong kang bakal diruwat kudu nganggo klambi awarna putih. Warna putih iki nglambangake kasucen.

b. Wong tuwa bocah sukerta kudu migunakake ageman adat Jawa.

c. Ana pawongan kang dianggep prigel kanggo nglakokake ruwatan lan wis cumawis piranti kanggo mentasake lakon Murwakala. Piranti iki kaya dene panggung, wayang lan gamelan, niyaga, sindhen, lan sapiturute.

d. Panggonan kanggo ruwatan kudu jembar, bisa kanggo lungguh kabeh bocah sukerta lan wong tuwane.

e. Ana bangsal pasucen utawa panggonan kanggo siraman para sukerta lan sajen kang wis disiyapake sadurunge.